Gaman lan Ganja
Dipuntemoaken Wonten Kampus UNM(Universitas Negeri Makassar)
Puluhan petugas gabungan nemoaken gaman 5 kilogram ganja
garing, ugi omben-omben ingkang ngandhet alkohol. Nalika dinten Jum’at, 12
Oktober 2012 Kampus UNM ingkang wonten dalan Parang Tambung, Sulawesi Selatan
dipun periksa. Polisi kagungan pemanggih bilih mahasiswa ingkang sami tawuran
punika amargi pengaruh narkotika ugi alkohol.
“Kedadosan-kedadosan ingkang sampun kalampahan kados
kados mboten wonten tuntasipun. Amarga wonten pemanggih gaman punika wonten ing
kampus UNM kemawon.” Ngendikanipun
Kepala Kepolisian Resor Kota Besar Makassar Komisaris Besar Polisi Erwin
Triwantoro. Ganja ugi timbangan ditemoaken wonten lantai kalih Fakultas Seni.
Polisi ingkang nitipriksa dumugi kos-kosan mahasiswa caket kampus ugi nemoaken
gaman ingkang dipun simpen wonten kamar.
Pengelola kampus nyumeneaken sedaya mahasiswa laminipun
tigang dinten amargi kwatos wonten bentrok susulan. Pembantu Rektor III UNM
Sofyan Jalal ngendika badhe nindhak tegas.”Sedaya kriminalitas ingkang wonten
nglebet kampus punika kedah dipun tangani kepolisian, ugi pikantuk sanksi
akademik ingkang badhe nyusul menawi sampun wonten tersangka,”ngendikanipun
Sofyan.
· Media : Televisi
· Sumbere : Liputan
6 Terkini (SCTV)
· Dinten : Jum’at
· Tanggal : 12
Oktober 2012
· Wekdal : 22.30
WIB
· Pranata Cara: Jeremy Teti
5W +
1H





narkotika

wonten tersangka
0 comments:
Post a Comment